Kampusdesa.or.id–Wahyu Allah kang sepisanan sing diturunke iku dudu perintah sholat, dudu perintah puasa, nanging perintah maca: Iqro’. Sayange, Iqro’ niki nganti saiki mung dimaknai minangka “bacalah”. Padahal yen mung sekadar maca, malaikat ya bisa maca. Jin bisa maca. Mesin pun juga bisa maca.
Lalu Apa Bedane Karo Manungsa?
Iqro’ sing lengkap niku, unine: ”Iqro’ bismi Rabbikalladzi khalaq” sing artine bacalah dengan nama Tuhanmu yang menciptakan. Ini artinya sangat dalam, bukan sekadar bacalah. Maca dudu mung sekedar ngucapke huruf. Maca niku nggunakake akal, nggunakake ati, lan tanggung jawab marang Gusti Allah. Ini makna dari membaca kanthi kritis lan smembaca dengan kritis inilah yang membedakan manusia dengan makhluk lain.
Budaya kritis ora diajarke. Sing dijunjung tinggi niku budaya patuh. Patuh memang penting, tapi patuh kang kritis.
Nanging budaya sing ditandur nang awake dewe, tekan sakiki malah kosok-walike. Budaya kritis ora diajarke. Sing dijunjung tinggi niku budaya patuh. Patuh memang penting, tapi patuh kang kritis. Akeh wong nglakoni ibadah nanging ora ngerti dalil-e. Akeh wong ndonga nanging ora ngerti arti-e. Lambe-e ngucap, ati-e ora melu. Awake-e sujud, pikiran-e dolan nang ngendi-ngendi.
Baca juga: Urip, Sakderma Ngrumati Pengarepan
Akhir-e, kepatuhan lan sugesti mayoritas dadi senjata sing paling ampuh. Yen wong akeh wis nglakoni, dianggep bener. Yen ana sing takon, dianggep nyeleneh. Yen ana sing kritis, malahan dianggep kurang ajar.
Padahal mayoritas dudu ukuran kebenaran. Sing dadi ukuran niku dalil lan akal sing digunakake.
Kita bisa ndelok conto-e nang endi-endi. Makam sing dawane 12 Meter dibiarke dipercaya minangka ukuran jasad yang meninggal di situ. Padahal Al-Qur’an ora tau ngomong babagan dawane makam. Kasus-kasus gedhe liya-e uga dibiarke ngambang, padahal rakyat mung butuh bukti lan penjelasan sing jujur.
Iqro’ Kang Bener
Yen saka awal kita diajari Iqro’ kanthi bener, kita ora bakal gampang manut. Kita bakal takon: Iki dalil-e apa? Bukti-e ngendi? Maksud-e apa? Kanggo sapa?
Baca juga: Minum Anti-Aging atau Belajar Menua Saja
Aku ora ngaku luwih pinter. Bisaku mung ngedumel. Nanging ngedumel niki saka rasa prihatin: kenapa kita luwih bangga dadi wong sing patuh, tinimbang dadi wong sing ngerti?
Sebab yen mung patuh, kita mung dadi pengikut. Yen ngerti, kita dadi hamba sing sadar — sing maca, mikir, lan tanggung jawab marang apa sing diwaca.
Mugi-mugi Iqro’ ora mung mandheg nang lambe. Mugi-mugi Iqro’ tekan nang ati lan akal.
Maturnuwun.



