Hukum Mengucap Selamat Hari Natal menurut Kiai “Asmuni”

326
SHARES
2.5k
VIEWS

Pagi itu Sudrun menghampiri mbah Kyai Asmuni yang sedang menikmati kopi hangatnya sambil menghisap rokok kobot dengan begitu nikmatnya.

RelatedPosts

“Tiyang tiyang sami rame mbahas ngucap selamat hari natal, Yai”.
“Halah, yo ben tho, Drun. Senenge wong ancen bedo bedo tur usum-usuman”.
“Lha usum usuman pripun tho, Yai?”
“Lha mbien iko usume kafir cino, yo mbahase kafir lan cino. Kafir cino entek, ganti usum PKI. Saiki PKI wis gak usum wingenane rame mbahas LGBT. Saiki usum maneh selamat hari natal mergo arep tanggal selawe Desember”
“Njeh, Yai. Mantun niki paling njeh benten bahasan maleh njeh, Yai?”
“Mestine yo ngunu ..”

Sambil tersenyum Mbah Kyai Asmuni pun nyruput kopinya setelah cukup dalam menyedot rokok kobot yang dipegangnya. Sudrun pun yang penasaran tentang mengucap selamat hari natal lantas bertanya lagi sama mbah Kyai Asmuni.

“Yai, kepareng tanglet, tiyang Islam ngucap hari natal niku hukum asline pripun tho?”
“Hukume ono limo, Drun!”
“Lha kok wonten gangsal niku, nopo mawon Yai?”
“Yo iso wajib tur iso harom lan sak pinunggalane. Iku maksude..”
“Hmmm…” Sudrun pun tertegun mendengarkan.

Sreeeeeet _

“Sing wajib niku pripun, yai?”
“Kuwi hukum kanggo pak Presiden Jokowi, sebab ngucapno selamat hari natal iku symbol nek Presiden ngayomi rakyate. Lha ngayomi rakyat kan wajib?”

“Lajeng Yai?”
“Sing digalakno (sunnah) iku hukum kanggo pegawe nek nduwe juragan nasroni. Lha tinimbang mengko THR ora cair mergo kekeh ora gelem nyopo lan ngapiki juragan? Karo maneh, opo tho susahe ngucap selamat hari natal lan ngapiki menungso sing lian agomo? opo maneh nek wong iku rupo juragan sing wis paring duit lan ma’isyah urip sak pirang pirang? Penting kan ati tetep pantheng nang Pengeran”

“Njeh mbah, leres niku. Lha ingkang mubah nopo, Yai?”
“Kuwi nek awakmu nduwe kekancan nasroni lan ngucapno selamat natal iku kanggo ngrawat kekancan lan ngapiki wong liyo kang bedho agomo”.

“Ingkang makruh, Yai?”
“Iku kanggo awakmu lamun ora nduwe kenalan wong nasroni, lapo golek-golek coro ngucapno selamat hari natal nang wong nasroni sing ora dikenal? Ora ono perlune lan ora ono manfaate. Mending meneng wae! Sebab iku hukume makruh, tegesi ora usah dilakoni”.

“Terakhir, Yai. Ingkang harom?”
“Kuwi kanggo sopo wae wong Islam sing ngucapno selamat hari raya natal nang wong Nasroni tapi kelawan keyakinan lan kepercayaan nek aqidah lan lelakone syareate wong Nasroni iku bener ndek ngarepe Pengeran koyo dene wong Islam”.
“Naudzubillah. Njeh, Yai”

Mbah Yai Asmuni pun nyruput kopinya lagi lantas menyedot rokok kobotnya dalam dalam.

Sreeeeet _

“Intine, mamulo awakmu ojo gampang ngukume salah bener wong, lan syirik imane lelakone wong nek awakmu ora ngerti maksude lan niate wong iku. Njogo aqidah pancen penting, nanging ngapiki menungso lan wong liyo agomo iku yo penting kanggo njogo akhlake kito-kito sebagai menungso”.
“Njeh Yai”.

“Ati ati urusan agomo pancen yo penting, tapi njogo keharmonisan sosial kelawan njogo kerukunan lan silaturrahim dalam bersosial iku yo penting, supoyo masyarakat kito tetep rukun, hinggo negorone ayem, tentrem lan situasi sosiale tetep aman kanggo sarana ngibadah kito-kito marang Pengeran”
“Amin … Njeh, Yai. Matur nuwun nasehat ipun”.

Salam Islam nusantara

KH. Yazid Al-Bustomi. Pengasuh Pondok Pesantren Salafiyah PPAI Darun Najah, Ngijo, Krangploso Kabupaten Malang.

Tulisan ini direpost dari facebook Gus Yazid

Arsip Terpilih

Related Posts

Welcome Back!

Login to your account below

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.